artikel adat jawa

UPACARA SADURUNGE MANTU

Lumrahe saiki upacara sing tumindak ing masyarakat mung nalika tempuking gawe, iku wae ora komplit. Mangka miturut tata cara kuna, upacara ing sadurunge mantu iku uga ana, malah akeh, kayata:

1. Nyalari

Carane wong tuwane bocah lanang kongkonan marang wong sing pinitaya sing uga wis tepung karo wong tuwane prawan sing arep disalari. Mula tugas nyalari mau uga kasebut dom sumuruping banyu (laku samar).

2.Nontoni

Menawa nyalari mau ditampa becik ateges si prawan isih sela lan wong tuwane sarujuk, wong tuwane bocah lanang banjur medhayoh menyang omahe si prawan, saperlu weruh kaya apa lan sepira ta bocah kuwi. Yen bocahe lanang bisa diajak bisa uga ora diajak. Nalika sing tuwa padha jagongan, si prawan didhawuhi ngladekake suguhan, ing kono tamu maspadakake (nontoni) bocah iku kanggo tetimbangan jodho apa ora. Yen perlu diajak omong-omong.

3. Nglamar

Yen asile nontoni ketemu becik, wong tuwane bocah lanang  dhewe utawa kongkonan utusan wong loro utawa telu medhayoh ing omahe wong tuwane bocah wadon mau saperlu resmi nglamar. Tembunge ‘ngebun-ebun enjang anjejawah sonten’ (wangsalane: bun esuk= awun–awun; udan sore = rarabi batangane = nyuwun rabi). Anggone waleh tamu mau cablaka: “ Yen wonten keparengipun Bapak-Ibu X, putra-putri panjenengan ingkang sesulih gendhuk Y badhe kula suwun, kula jodhokaken kaliyan anak kula jaler pun Z.” Wangsulane  wong tuwane bocah wadon: “ Matur nuwun, dene panjenengan ngayunaken anak kula estri. Sanes dinten mangke badhe wonten utusan sowan mrika atur wangsulan.”

4. Wangsulan

Wong tuwane bocah wadon kirim utusan medhayoh menyang wong tuwane jejaka sing nglamar mau, aweh wangsulan panglamare ditampa apa ora. Nalika nglamar tamune nggawa oleh-oleh saka ketan (lemper, wajik, jadah lan rengginan) kanthi pangajab sesambungan dadi raket ora buyar. Yen utusan sing aweh wangsulan iki oleh-olehe uga saka ketan, iku pralambang wangsulane ditampa.

5. Pasok Tukon lan Pepacangan

Sarehne lamaran wis ditampa, upacara candhake ana rombongan utusane wong tuwane bocah lanang medhayoh pasok tukon, awujud dhuwit (lumrahe yen akeh disebutake, yen mung sethithik ora dikandhakake, utawa manut dhawuhe sing utusan), sandhangan sapengadeg kanggo si prawan, lan oleh-oleh. Ing kalodhangan iki si Y dipacangake karo si Z, mula ing jaman saiki lumrah sinartan upacara liron kalpika (tukar cincin).

6. Pasrah calon Manten/ Nyantri

Nyantri mujudake tradhisi kang ditindakake dening calon manten kakung. Manut tradhisi sadurunge upacara ijab ditindakake, calon manten lanang kudu dipasrahake marang wong tuwane calon manten wadon. Sawise ditampa banjur dititipake ing omahe salah sawijining sedulur utawa tanggane calon manten wadon supaya bisa nindakake upacara sabanjure.

7. Pasang Tarub

Ing omahe CPW, kira-kira 3 dina ngarepake tempuking gawe, dipasangi tratag lan tarub. Wujude tarub yen biyen kudu nganggo bleketepe yaiku suwir-suwiran janur kuning, ing kiwa tengening korining tarub dipasangi tundhunan pisang raja, tebu wulung, gegodhongan mancawarna, lan godhong apa-apa, lan ora lali cengkir gadhing lan godhonng waringin. Kabeh mau bisa diwaca dadi ukara bilih blakane nyuwun sumawuring nur Illahi kanthi pangajab penganten bisa kaya dene raja lan prameswarining nata kang nduweni antebing kalbu lan kencenging piker, anane rubeda mancawarna tetep ora kurang sawiji apa, dene sing padha jagong sing keri (durung mantu utawa during dadi manten) padha kepengin.

8. Siraman

Ing tarub iku ana perangan sing disedhiyakake kanggo papan siraman CPW. Siraman lumrahe katindakake wayah sore bakda kendhuri tarub. Dene siraman kanggo CPL uga bareng wektune, nanging papane pisah, yaiku ing pondhokane CPL. Sadurunge upacara siraman, calon manten sungkem marang bapa biyunge.

 

UPACARA LARUNG ING MORO DEMAK

 

            Ing Desa Moro, kecamatan Bonang, Kabupaten Demak ana upacara tradisi syawalan kang diarani upacar larung. Upacara kasebut dianakake saben tanggal 5 syawal utawa seminggu sawise riyaya. Upacara mau dianakake minangka tandha syukur marng Gusti Kang Akarya Jagad, mligine para nelayan kang wis kaparingan nikmat, rejeki, kaslametan lan kanugrahan.

            Upacara larung kasebut , diwiwiti saka kantor Kabupaten Demak, ubarampe kalebu tumpeng ditumpakake kendaraan utawa montor lan diarak menyang deso Moro, Kecamatan Bonang. Sawise tekan kana, banjur ditumpakake prau bebarengan karo para nayaka praja, upamane Bupati Demak, Sekda, Dandim lan Kapolres.

            Sawise prau tekan tengah segara, tumpen mau banjur dilarung utawa dilabuh lan digawe rayahan para nelayan kang teka. Amarga manut kepercayaan, sapa wonge kang oleh rayahan mau, bakal oleh rejeki lan berkah saka”sing mbaureksa” segara, saengga Manawa para nelayan padha nggunakake wektu kanggo golek iwak, bakal oleh iwak kang akeh lan kang baku tansah diparingi kaslametan.

            Upacara larung bubar, dterusake lomba-lomba, upamane lomba dhayung, lomba prau rias, rekreasi lan sapanunggalane. Upacara kasebut nganti saiki isih lestari dianakake saben taun. Manawa dilestarekake terus bisa dadi asset budaya mligine kanggo tlatah Kabupaten Demak. Ora mung asset budaya, malah bisa ngrembaka dadi asset wisata kang nengsemake.

About these ads

Perihal mtcdempet
wong dempet kecamatan dempet kabupaten demak jawatengah indonesia

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.