contoh makalah menggunakan bahasa jawa (tentang pendidikan)

       

 

 

Pambuka
Kemajenganing jaman ingkang tansaya ngrembaka anjalari sedaya peranganing ngagesang ngalami owah gingsir, kalebet unggah-ungguh, subasita, watak, saha lagak lageyaning para manungsa. Pangaribawa teknologi lan informasi celak sanget kaliyan generasi mudha, tundhanipun budaya manca saged tuwuh ngrembaka sarta boten mokal bilih kapribaden budaya Jawa tansaya ketingal luntur. Wekdal samenika kathah kedadosan ingkang cengkah kaliyan budayanipun piyambak, kadosta: kathah generasi mudha ingkang boten ngertos unggah-ngguh sarta nilaraken tata krami, dumadosing padudon ing antawisipun para siswa/mahasiswa, kajujuran kados-kados sampun boten wonten reginipun, lan sanes-sanesipun. Tiyang sepuh rumaos kuwalahan anggonipun badhe nggulawenthah kapribaden ingkang pinuji sarta anggenipun badhe nggegulang pendhidhikan budi pakarti dhumateng para putra. Kangge ngawekani kahanan ingkang kados ngaten punika, prelu sanget ngregadaya kados pundi caranipun nggegulang pendhidhikan budi pakarti dhumateng para generasi ingkang ketingalipun tansaya mlorot. Jejering tiyang sepuh, guru, tokoh masyarakat sarta para pangarsaning praja kedah saged nggegulang budi pakarti tumrap generasi mudha lumantar piwucalan basa Jawi ingkang sampun kabukten saged maringi daya pangaribawa sarta ningkataken moral sarta pakartining generasi mudha. Kejawi saking punika para generasi sepuh kedah saged paring patuladhan dhumateng para generasi mudha sarta kersa mraktekaken nilai-nilai adi luhunging basa Jawi ing salebetipun pagesangan minangka sarana kangge nggegulang budi pakarti, supados para putra dados generasi ingkang nggadhahi watak pinuji kapribaden sejati ingkang kiyat (sentosa), luhur bebudenipun, asih tresna mring sesami, bisa dados sarjana sujananing budi, sarta dados satriya pinandhita.
Tembung Wigatos
Nggegulang; budi pakarti; nilai-nilai luhur; adi luhung; generasi mudha

 

 

 

 

 

 

Daftar Isi…………………………………….i

Pembuka…………………………………….ii

Isi…………………………………………..iii

Panutup……………………………………iv

Daftar Pustaka…………………………..v

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

A.    

Pambuka
Ing salebeting jaman globalisasi kemajenganipun teknologi informasi ingkang tansaya ngrembaka. Kathahipun budaya manca ingkang lumebet dhateng negari Indonesia anjalari bilih sedaya peranganing gesang bebrayan ngalami owah gingsir, kalebet unggah-ungguh, subasita, watak, saha gayanipun para manungsa. Pangaribawa budaya teknologi informasi (kadosta televisi, radhio, internet, lan sapanunggilipun) celak sanget kaliyan para putra (generasi mudha); tundhanipun kapribaden budaya timur (budaya Jawi) ketingal sangsaya luntur, kapribaden budaya manca kados-kados tuwuh ngrembaka. Pramila ing wekdal menika kathah kedadosan ingkang cengkah lan boten jumbuh kaliyan budayanipun piyambak, ingkang adamel tintrimipun tiyang sepuh. Kedadosan-kedadosan ingkang nalisir saking tumindak kautamen, kadosta pasrawungan ingkang bebas tanpa wates, tumindak sedheng, padudon antawisipun para siswa/mahasiswa, lan sanes-sanesipun asring ngrenggani pawartos-pawartos wonten ing televisi. Tiyang sepuh rumaos kuwalahan saha kawratan menawi badhe anggulawenthah kapribaden ingkang pinuji, budi luhur utawi pakarti ingkang utami dhumateng para putra wiwit wonten ing kulawarga, pawiyatan (sekolah), punapadene wonten ing bebrayan agung (masyarakat).
Kangge ngawekani panggulawenthahipun para putra ingkang saya dangu langkung rekaos menika, triwiyata (kulawarga, pawiyatan, saha bebrayan agung) kedah katindakaken kanthi sesarengan (terpadu). Pamulangan wonten ing kulawarga katindakaken dening tiyang sepuh kekalih saha sedaya anggota kulawarga ingkang wonten griya. Pamulangan wonten bebrayan agung (masyarakat) katindakaken dening tokoh-tokoh masyarakat saha lingkungan ingkang sae. Tugasipun guru anggulawenthah saha anggladhi para putra wonten ing pamucalan. Bab menika wigatos sanget supados para putra dados generasi ingkang anggadhahi kapribaden ingkang pinuji (pinunjul), kapribaden sejati (jati diri, identitas) ingkang kiyat saha sentosa, budinipun luhur, asih tresna dhumateng sesami, saged dados sarjana ingkang sujaneng budi, saha dados satriya pinandhita. Sedaya gegayuhan kalawau saged dipunpersudi lumantar basa, sastra, saha kabudayan Jawi tetilaranipun para leluhur.

 

 

 

 

 

ISI

Perlunipun Pendidikan ingkang Nengenaken Budi Pekerti
Kedah dipunakeni bilih generasi mudha wekdal samenika gampil sanget kebrongot manahipun (gampil emosi) saha langkung nengenaken kekiyatan ototipun tinimbang akal pikiranipun. Kedadosan padudon (tawuran) antiwisipun para siswa boten namung ngemungaken tumrap siswa SMP lan SMA kemawon nanging sampun ngantos sumrambah dhateng para mahasiswa (kampus). Kedadosan punika nrenyuhaken sanget. Menawi dipun-gatosaken awis-awis sanget kepara malah dereng nate nyumurupi wontenipun demonstrasi ingkang katindakaken kanthi santun saha boten ngganggu tiyang sanes. Nalika wonten demonstrasi, sampun kenging dipunmesthekaken menawi tansah ngganggu tiyang sanes. Lajeng tuwuh pitakenan, demonstrasi ingkang dipuntindakaken mahasiswa punika menapa saestu kangge mbela kepentinganipun rakyat, menapa namung utusanipun utawi titipan saking para pejabat?
Kejawi saking punika pawartos ngengingi tumindak durjana kadosta: maling, mbrandhal, ngrampok, apus-apusan, kasus narkoba, sarta kasus-kasus brutal sanesipun ingkang katindakaken dening para siswa (kaum terpelajar) pranyata saben dinten tansah kepireng lan ngrenggani pawartos-pawartos wonten ing koran, radhio, saha televisi. Sedaya kedadosan kalawau ugi tansah ndadosaken satunggaling pitakenan, kenging punapa bab menika kok saged dumados? Menapa donyaning pendhidhikan (wiwit saking SD ngantos pawiyatan luhur) sampun boten mucalaken tata kasusilan lan budi pakarti, boten dipun-gegulang raos asih kinasihan, saha punapa sampun nglirwakaken wontenipun karukunan ing antawisipun sesami? Menapa menika asilipun sistem pendhidhikan ing negari kita samenika? Utawi menapa menika daya pangaribawanipun saking tindak-tandukipun para pejabat ingkang sampun boten kenging kangge panutan?
Menawi dipunpenggalih, wontenipun tumindak KKN (korupsi, kolusi, lan nepotisme ing negari Indonesia pranyata dipuntindakaken dening para priyantun ingkang pinter saha anggadhahi tataran pendhidhikan ingkang inggil (gadhah titel wiwit sarjana, dhoktor, ngantos profesor). Cethanipun, kawontenanipun bangsa Indonesia ingkang morat-marit nandhang krisis multidimensi ing babagan ekonomi, politik, sosial, budaya, saha ing babagan pendhidhikan punika pranyata kathah-kathahipun katindakaken dening para priyantun pinter ingkang nate sekolah wiwit SD ngantos pawiyatan luhur kepara malah wonten ingkang sekolah ngantos dumugimancanegari.
Samenika menawi wonten lare nakal, lare sekolah ingkang sami padudon utawi gelut, tumindak kriminal, lare sekolah ingkang boten ngertos unggah-ungguh saha boten ngertos tata krami, lan sapanunggilipun, menika ingkang dipunlepataken sekolahan. Sekolahan dipunanggep boten saged ndhidhik saha nggulawenthah para siswanipun, saengga ndadosaken lare-lare sami nakal saha boten ngertos subasita, kamangka tanggel jawab ing babagan pendhidhikan menika boten namung tugasipun sekolahan kemawon nanging ugi dados tanggel jawabipun tiyang sepuh kaliyanmasyarakat.
Kangge nyiyapaken generasi mudha ingkang nggadhahi kapribaden ingkang pinuji saha kapribaden kang sejati, luhur bebudenipun, asih tresna dhateng sesami, saged dados sarjana ingkang sujaneng budi, saha dados satriya pinandhita pranyata mbetahaken sanget pendhidhikan ingkangnengenakenbudipekerti.
Menapa sesambetanipun pendhidhikan kaliyan nasibipun generasi penerus?
Pendhidhikan mujudaken satunggaling alat utawi sarana kangge nggembleng saha nyiyapaken sumber daya manusia ingkang unggul saha nggadhahi moral ingkang sae. Sumber daya manusia ingkang wonten samenika mujudaken kaca benggala, kados pundi asilipun pendhidhikan ingkang sampun lumampah minangka kangge sumbang surung tumrap kemajengan utawi kemunduran satunggaling negari. Menapa kahanan ingkang sampun dumados wonten ing negari Indonesia samenika sampun mujudaken asil sumbang surungipun pendhidhikan nasional ingkang sampunlumampah?
Ingkang dipunwastani pendhidhikan nasional ingkang nengenaken moral (budi pekerti) inggih menika pendhidhikan ingkang saged nggembleng utawi ndhidhik generasi mudha wiwit saking SD ngantos pawiyatan luhur sageda nggadhahi budi pakarti utawi moral ingkang sae. Lumampahing pendhidhikan saged ndadosaken para siswa tumuju dhateng kadiwasan, mandhireng pribadi, nggadhahi raos tanggel jawab, nggadhahi raos isin, gunemipun boten mencla-mencle, jujur, tindak-tandukipun sae, luhur bebudenipun saengga sasampunipun lulus utawi tamat saking pendhidhikan boten nggantungaken malih dhateng kulawarga, masyarakat utawi dhateng negari. Nanging kosok wangsulipun, sasampunipun tamat sekolah lajeng saged mbangun negari sarana mbudidayakaken sakathahing raja brana asil wulu wetuning bumi Indonesia. Kanthi mekaten bangsa Indonesia dipunsungkani dening donya internasional. Menawi asilipun pendhidhikan kados mekaten ateges bangsa Indonesia sampun boten nggantungaken malih utangan saking manca negari. Saengga negari manca boten sasekecanipun anggenipun tansah ndhikte dhateng bangsa Indonesia

C.     Caranipun Nggegulang Budi Pakarti utawi Tata Krami
Donyaning pendhidhikan (mliginipun SD, SMP, saha SMA) sapunika kados-kados namung dipunrepotaken kaliyan lumampahing kegiyatan pamucalan (proses belajar-mengajar), ngantos kesupen maringi pendhidhikan moral dhateng para siswa. Pendhidhikan budi pakarti, tata kasusilan, pendhidhikan kesopanan, unggah-ungguh, saha subasita ing salebetipun pagesangan kados sampun dipunlirwakaken. Samenika ingkang dipunpentingaken biji rapot ingkang sae, biji ujian akhir nasional murni ingkang unggul, ngantos biji UAN punika ingkang dipun-dadosaken ukuran sae botenipun lembaga pendidikan miturut sistem pendidikan nasional wekdal sapunika. Menawi kahanan ingkang kados punika boten enggal-enggal dipunewahi saged mbebayani sanget dhumateng para generasi mudha. Tiyang sepuh wonten ing kulawarga, tokoh masyarakat wonten ing lingkungan, sarta guru wonten ing sekolahan kedah saged manunggalaken sedya kangge nindakaken ewah-ewahan ndandosi budi pakartining para generasi mudha ingkang sampunngalamikrisismultidimensipunika.
Tiyang sepuh sarta sedaya anggota kulawarga wonten ing griya kedahipun mujudaken satunggaling perangan ingkang gadhah tanggel jawab ndherek nyengkuyung pendhidhikanipun para putra. Nanging wekdal punika jejering tiyang sepuh kathah ingkang kirang migatosaken pendhidhikanipun para putra wonten ing dalem. Salah setunggal sababipun inggih punika wiwit sami repot dhateng urusan pakaryanipun piyambak-piyambak saperlu kangge ningkataken kabutuhan lahiriyah (kadonyan). Akibatipun, lingkungan keluwarga boten saged nancepaken nilai-nilai budi pakarti sarta boten saged ndadosaken kapribaden dhumateng para putra lumantar pendhidhikankulawarga.
Guru ingkang kajibah nindakaken pamulangan wonten ing sekolahan ugi dipuntuntut tugas-tugas ingkang awujud mucalaken kawruh kangge ngasah lantiping intelektual. Piwucalan budi pakarti wonten ing sekolahan samenika sampun dipunbusek. Sinaosa makaten sajakipun lumantar instruksi saking menteri pendidikan dan Kebudayaan (kala semanten Mendiknas) sajakipun badhe nggesangaken malih pendhidhikan budi pakarti. Mugi-mugi ada-ada punika enggal maujudlanenggalkaleksanan.
Tokoh masyarakat sarta para pangarsaning praja ingkang kedahipun saged dados pandam pandoming kawula dasih kados-kados sampun arang sanget ingkang kenging kangge patuladhan. Para generasi rumaos kawratan pados patuladhan saking para pemimpin lan para pangarsaning praja. Kamangka lumampahing teknologi informasi, rumasuking budaya manca, tatacara panguripan modhern, sarta kemajenganiing jaman ingkang tansaya ngrembaka tansah paring pamgaribawa dhumateng para putra. Menawi kados mekaten kedahipun tiyang sepuh wonten ing dalem, bapak ibu guru wonten ing pawiyatan, saha tokoh mayarakat utawi para pangarsaning praja kedah sareng-sareng paring piwucal dhumateng para generasi mudha lumantar nilai-nilai adiluhung saking basa, sastra, lan budaya Jawi..
1.     Lumampahipun Pendhidhikan Budi Pakarti ing Kulawarga
Kulawarga mujudaken panggenan pangguwenthahing para putra ingkang kapisan lan paling utami kangge nancepaken tata krami, budi pekerti, lan kapribaden ingkang sae. Dipunwastani panggenan ingkang kapisan amargi lare punika saderengipun srawung kaliyan tiyang sanes langkung rumiyin sesambetan lan serawungan kaliyan sedaya anggota kulawarga (Purwo, 1990:101-103). Wiwit nalika taksih wonten kandhutan, lair, nalika taksih alit ngantos diwasanipun boten saged uwal saking pasrawungan kaliyan kulawarga. Salajengipun dipunwastani penggenan ingkang utama amargi tatakramining pasrawungan sarta paugeran-paugeran saking lingkungan kulawarga punika saged maringi daya pangaribawa ingkang ageng dhumateng tumindakipun lare wonten ing pagesangan bebrayan agung (Gordon, 1984:6). Upaminipun lare ingkang dipundhidhik lan ageng wonten ing salebetipun kulawarga ingkang harmonis lan demokratis temtunipun badhe dipuntiru lan dipunwarisi dening putra-putrinipun. Kawontenan punika jumbuh kaliyan paribasan kacang mangsa ninggala lanjaran, tegesipun tindak-tandukipun tiyang sepuh badhe dipuntiru dening para putra-putrinipun.
Miturut Magnis Suseno (1984:45) lingkungan kulawarga mujudaken panggenan ingkang paling sae kangge ndhapuk kapribaden sarta mucalaken ilmu-ilmu sosial dhumateng para putra. Lumantar pendhidhikan kulawarga lare-lare saged nyinau budi pakartining bangsa ingkang sesambetan kaliyan tatakrami, tata caranipun lenggah, tata caranipun nedha-nginum, tata caranipun ngangge busana, tata caranipun salaman, lan sapanunggilipun.
Pamanggih punika ugi dipunsengkuyung dening Hildred Geertz (1985) bilih ing salebetipun bebrayan Jawi sampun tuwuh ngrembaka piwucalan tata krami, tumindak kurmat-kinurmatan ingkang tumuju dhateng tatanan utawi tumindak sosial ingkang sae. Lumantar pendhidhikan budi pakarti wonten ing salebetipun lingkungan kulawarga lare saged ngraosaken lan saged kaperbawan saking kahanan sarta kawontenan ing salebetipun kulawarga. Kahanan kulawarga ingkang sae utawi awon saged merbawani tumindak lan pakartinipun dhateng lare.
Panggulawenthahing tiyang sepuh dhateng para putra kedahipun katindakaken kanthi sae. Pendhidhikan punika kedahipun sampun dipunwiwiti nalikanipun lare taksih alit. Ing lingkungan kulawarga tiyang sepuh kedah saged nancepaken pangerten ngengingi samukawis ingkang sae sarta leres dhumateng para putra nalikanipun taksih alit, kadosta ngajaraken tata krami lumantar tradhisi ndongeng, lumantar wontenanipun dolanan kangge lare-lare, ngajaraken kadospundi caranipun gesang kekadangan, sarta kadospundi tatacaranipun gesang wonten ing bebrayan.
Ing salebetipun lingkungan kulawarga wonten tata aturan ingkang kedah dipunlampahi utawi kedah dipuntebihi dening sedaya anggota kulawarga. Pramila para putra kedah dipundhidhik kadospundi caranipun saged nindakaken tata aturan ingkang sampun katemtokaken. Kanthi mekaten para putra saged ngulinakaken dhisiplin dhateng dhiri pribadinipun piyambak, ngatur dhiri pribadinipun, saha tumindak adhedhasar pakulinan-pakulinan ingkang sae.
Satunggaling tuladha pitutur luhur ing salebetipun Serat Wulangreh, ingkang ngandharaken bilih kulawarga punika mujudaken panggenan kangge: piwucalan pasrawungan, piwucalan tatakrami, piwicalan watak/kapribaden, piwucalan norma sosial, piwucalan ngengingi tuntunan tumindak sae lan awon, sarta piwucalan agami. Tugasipun kulawarga nggulawenthah sarta maringi piwucal kautamen ingkang kapisan lan ingkang utama. Menawi tiyang sepuh klentu anggenipun nggegulang budi pakarti tumrap para putra akibatipun saged nyulayani lan mbebayani.
Nggulawenthah para putra supados saged nggadhahi watak dhisiplin punika kedah ngatos-atos sanget. Sampun ngantos lare-lare saged dhisiplin amargi wontenipun raos kepeksa. Ing salebetipun nggegulang budi pekerti ing lingkungan kulawarga sampun ngantos kanthi cara dipunpeksa, dipunajrih-ajrihi kepara wontenipun ancaman dhateng para putra supados purun nglampahi menapa ingkang dados kersanipun tiyang sepuh. Tiyang sepuh anggenipun nancepaken budi pekerti kedah kanthi cara mbikak pamikiripun putra, kados pundi sagedipun sadhar saha paham dhateng pundi tumindak-tumindak ingkang kedah dipuntindakaken lan pundi ingkang kedah dipunsingkiri. Kejawi saking menika lare-lare kedah mangertos menapa saenipun saha kapitunanipun menawi nindakaken samukawis ingkang dipuntindakaken.
Kangge ndhapuk generasi ingkang nggadhahi watak sarta kapribaden ingkang luhur dipunwiwiti saking lingkungan kulawarga. Ing salebetipun lingkungan kulawaraga tiyang sepuh kedah saged nuduhaken tumindak utawi patrap ingkang leres lan sae sampun ngantos lare dipundhidhik utawi dipunkulinakaken kanthi cara ingkang kasar (kekerasan). Wonten saperangan tiyang sepuh ingkang caranipun ndhidhik putranipun taksih ngginakaken cara-cara ingkang kasar sarana mulasara putranipun nalika ingkang putra tumindak lepat. Piyambakipun nggadhahi pamanggih bilih cara-cara kasar punika kaginakaken kangge nancepaken tumindak teges (sikap ketegasan) nanging pranyata malah kajebak dhateng tumindak ingkang kasar utawi sikap kekerasan. Nancepaken sikap ketegasan dhateng lare punika boten kok kedah ngginakake cara-cara ingkang kasar (sikap kekerasan) ingkang awujud ngajar utawi mulasara lare, amargi menawi lare menika dipunajar wekasanipun saged tuwuh raos dendam, lan dendam punika mujudaken satunggaling tumindak kasar. Prayoginipun sikap ketegasan punika mujudaken pendhidhikan ingkang nengenaken wontenaipun tata aturan utawi paugeran, menawi lare tumindak nyimpang saking paugeran lare punika saged dipunparingi paukuman ingkang asipat edukatif (mendidik). Wujud paukuman ingkang edukatif punika ingkang mbentenaken antawisipun tumindak kasar (kekerasan) kaliyan tumindak teges (ketegasan). Paukuman ingkang awujud ketegasan ndadosaken lare saged nyadhari saking tumindakipun ingkang lepat kalawau lan mbok bilih paukuman kalawau kenging kangge maringi piwucal dhumateng para putra. Kanthi mekaten nggadhahi raos sadhar bilih menapa ingkang dipuntindakaken pancen lepat, wekasanipun boten badhe dipunbaleni malih.
Ingkang saged dipuntindakaken kulawarga salebetipun ndhidhik budi pakarti dhumateng para putra wonten tigang prekawis, inggih punika: sepisan, wontenipun raos tanggel jawab.  Sinaosa kawontenanipun kulawarga kirang harmonis nanging menawi kulawarga punika nggadhahi tanggel jawab ingkang ageng temtunipun anggenipun ndhidhik putra-putrinipun ugi katindakaken kanthi sae.  Kaping kalih, paring patuladhan ingkang sae. Jejering tiyang sepuh kedahipun saged maringi patuladhan ingkang sae dhumateng para putra. Sedaya tindak-tanduk sarta patrap tumindakipun tiyang sepuh badhe dipuntiru dening para putra. Dene kaping tiganipun, pasrawungan (komunikasi) ingkang aktif. Bab pasrawungan (kumunikasi) prayoginipun katindakaken kanthi aktif lan ajeg. Sasaged-saged tiyang sepuh kedah nglodhangaken wekdal kangge sesrawungan kaliyan para putra sinaosa nggadhahi keribetan ing pakaryan. Kanthi mekaten tiyang sepuh saged gampil anggenipun nancepaken pendhidhikan budi pakarti dhateng para putra.
Jinising budi pakarti ingkang saged dipuntancepaken dhumateng para putra ing salebtipun kulawaraga inggih punika: (a) nilai-nilai karukunan ing antawisipun sesami; (b) nilai ketaqwaan lan keimanan dhumateng Gusti; (c) kurmat-kinurmatan ing antawisipun anggota kulawarga; sarta (d) pakulinan-pakulinan ingkang sae upaminipun bab kedhisiplinan.

 

 

  Panutup
1.     Dudutan   
Piwucal budi pekerti tumrap para putra menika dados tanggel jawabipun tiyang sepuh, guru, masyarakat, sarta pemerintah. Jejering tiyang sepuh, guru, lan masyarakat langkung rumiyin kedahipun ningkataken budi pakartinipun piyambak-piyambak, lajeng budi pakartinipun para putra. Menawi sedaya kalawau saged dados tepa tuladha tumrap para putra, kula kinten pendhidhikan budi pakarti dhateng para putra saged lumampah kanthi gampil. Ingkang asring pinanggih ing wekdal samenika kathah tiyang sepuh boten saged dados patuladhan tumrap para putranipun, semanten ugi tindak-tandukipun masyarakat asring boten nggadhahi tanggel jawab dhateng budi pekerti. Para pangageng (pejabat utawi aparatur negara) ugi kathah ingkang nilaraken budi pekerti.
Adhedhasar andharan ing nginggil, yektosipun ingkang paling baken inggih punika kados pundi caranipun nancepaken tata krama lan budi pekerti dhateng para putra lumantar patuladhan. Anggenipun paring patuladhan menika prayoginipun dipunwiwiti saking bab-bab ingkang sepele (bab-bab ingkang alit rumiyin, dipunwiwiti saking dhiri pribadi kita piyambak, lan kedahipun dipunwiwiti ing wekdal samenika ugi (enget ”konsep 3 M: Mulailah dari hal-hal yang kecil; Mulailah dari diri sendiri, dan Mulailah saat ini juga).
2.     Usul utawi Saran
(a)     Kangge ngawekani kemerosotaning moral tumrap generasi mudha ing jaman sapunika kedahipun pendhidhikan budi pakarti dipunlebetaken malih wonten kurikulum sekolah.
(b)     Jejering tiyang sepuh, guru, sarta tokoh masyarakat punapa dene para pangarsaning praja kedah saged maringi tuntunan sarta piwulang budi pakarti tumrap generasi mudha lumantar patuladhan tumindak ingkang sae.
(c)     Sinten kemawon kedah ngrumaosi gadhah tanggel jawab nindakaken pendhidhikan budi pakarti dhumateng para generasi mudha.

 

 

 

 

 

 

KAPUSTAKAN

Dewantara, Ki Hajar. 1977. Pendidikan. Yogyakarta: Majelis Luhur Persatuan Taman Siswa.
Endraswara, Suwardi. 2011. Keluarga (Ikut) Berdosa Dalam Mendidik Budi Pekerti Bangsa. Artikel dalam “Kompas” tanggal 26 Agustus 2001.
Geertz, Hildred. 1985. Keluarga Jawa. Jakarta: PT. Gramedia.
Gordon, Thomas. 1984. Menjadi Orangtua Efektif. Jakarta : Gramedia.
Magnis-Suseno, Franz. 1984. Etika Jawa. Sebuah Analisa Filsafi tentang Kebijaksanaan Hidup Jawa. Jakarta: PT. Gramedia.
Purwanto, Ngalim M.P. 1987. Ilmu Pendidikan. (Teoritis dan Praktis). Bandung: Remaja Karya.
Purwo, Bambang Kaswanti. 1990. “Perkembangan Bahasa Anak dari Lahir Sampai Masa Prasekolah” dalam PELLBA 3, penyunting Bambang Kaswanti Purwo. Yogyakarta : Kanisius.
Supriadi, Dedi. 2004. Membangun Bangsa Melalui Pendidikan. Bandung: Remaja Rosdakarya.
Sutikno, M. Sobry. Bagaimana Memberikan Pendidikan Untuk Anak-Anak Anda? http://m.sobrysutikno/Article/Education. Diakses tanggal 18 Oktober 2011

Perihal mtcdempet
wong dempet kecamatan dempet kabupaten demak jawatengah indonesia

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s