contoh makalah ramayana bahsa jawa

 

DAFTAR ISI

JUDUL …………………………………………………………………………..    1

ATUR SAPALA …………………………………………………………………   2

DAFTAR ISI …………………………………………………………………….    3

ISI ………………………………………………………………………………..    4

KESIMPULAN ………………………………………………………………….    9

DAFTAR KAPUSTAKAN ………………………………………………………   10       

ATUR SAPALA

Ingkang sepisan kula ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kula saged ngrampungaken tulisan punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken tulisan punika.

Wonten makalah punika kula nyariosaken babagan criyos ramayana.

Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.

 

 

RAMAPARASU KANG LALI MARANG ING PURWADUKSINA

“Kakang Patih Surata, rumangsa ribet rasaning atiku lan sepet paningalku yenta nyawang wujude Bambang Sumantri kang kaduk piangkuh. Yenta nyata kesaguhane bisa ngentasi gawe kaya kang ingsun kersaake, bakal gedhe ganjarane. Nanging  yenta luput kaya kang disaguhake, bumi Maespati aja nganti kaambah dening wujude manungsa kang aran Bambang Sumantri. Sadurunge mangkat marang Negara Magada, busanane Sumantri kang ngenek eneki kuwi, salinana cara kaprajurtian. Ujubing atiku ora arep ambebagus marang wujude Bambang Sumantri, nanging kanggo rumeksa kuluhuraning jenengingsun. Negara Maespati aja nganti asor darajate, darbe caraka kang busanane ora mingsra”. Mangkana dhawuhku marang Patih Surata mungkasi anggonku anggelar pasewakan.

Atur sembah Bambang Sumantri mundur saka paseban sadurunge ingsun jengkar. Sinusulan dening Patih Surata. Sawusnya Bambang Sumantri wus sangkep salin busana kaprajuritan, sakala katon tejaning Bambang Samantri saya anggenguwung. Sarira kang wus binusanan cara kaprajuritan, sangsaya mencorong, cinandra kaya dene dewa ndharat. Cingak kang pada nguntapake budhaling caraka kang tetela anggung akarya sengseming para kang aningali ing sadalan-dalan. Para kenya kang wani anyaketi unggyaning Bambang Sumantri pada anjejawat, nanging ana saweneh kang amung wani angawe-awe ngujiwat.

Gancaring cerita, Bambang Sumantri wus keduga mboyong sekaring kedhaton Magada, Sang Dyah Citrawati. Nanging bawane satriya kang maksih kagawa ing rasa kamudhan lan durung kuwawa anyingkirake rasa adigang, adigung, adiguna, sakala kadadak salin solah bawa. Melik anggendhong lali! Nalika samana Bambang Sumantri kang wus masanggrah ing tapel watesing Negara Maespati, sinususulan dening Patih Surata. Ature Bambang Sumantri marang Sang Rekyan Apatih Surata, menawa Dewi Citrawati arep kaaturake, nanging papane ing sajroning payudan.

Rumangsa wus bisa ngregem jagad, sawusnya bali marang praja, Sumantri kedadak nanting kasudibyaningsun srana pasemon alus. Kaya pineksa ingsun nglanggat pamundhute Bambang Sumantri tandhing tysa. Supaya ora asor drajate dene mungsuh kang amung wujuding caraka, mula ingsun ngloropake busanaku keprabon, murih ka anggo busana dening Bambang Sumantri.

Nalika tandhing ingsun kekaron, para jawata padha tumurun nyekseni paprangan, kang yen kadulu saka ing kadohan kaya dene tetandingan yuda antarane para ratu kang kembar wewujudane. Mangkana tandhing ingsun lumawan Bambang Sumantri dedreg silih ungkih rebut unggul. Nalika samana Bambang Sumantri ganti kalindhih, Bambang Sumantri musthi sanjata Cakrabaswara. Sanjata dibya kang ampuhe kagila-gila. Mulat Bambang Sumantri kang wus siyaga menthang gendewa nglarapake senjata dibya, nuli jenengingsun matak aji Triwikrama. Cinandhak wani sarirane Bambang Sumantri, tan mangga puliha Bambang Sumantri nuli kapikut. Nanging jroning batin ingsun kang wus kaduk ngungun marang kasektene Bambang Sumantri, mula nulya ingsun paringi aksama. Nanging paukuman kudu anut marang jejeging adil. Bambang Sumantri kang wus pasrah dhiri, dak patrapi paukuman. Paukumane kang kaya-kaya ora salumrahe, nanging ingsun percaya lamun Bambang Sumantri saguh minangkani.

Bambang Sumantri kudu keduga mindhah Taman Sriwedari kang dumunung ing imbanging gunung Untarayana, kudu kaboyong marang taman sari Negara Maespati, kinarya lipuring manah Dewi Citrawati kang katemben pisah lan wong atuwane.

Sungkawaning ati Bambang Sumantri nalika samana sakala kedadak ganti ing bebungah, nalika kelingan marang sedulur mudha, Bambang Sukasarana. Sedulur mudha kang duk inguni kasimpe sabab kinira amung ngrubeda-angreridhu lan anjejereng wirang amarga darbe wewujudan kang anggelinani. Paminta srayane Sumantri mindhah Taman Sriwedari tumuju ing Praja Maespati marang Sukasarana sinaguhan, amung kudu liniru  lilane kadang werdha tansah cinaket. Sakala pamintane keng rayi Bambang Sukasarana kaya dene amung bab kang sinangga entheng. Nanging welinge Bambang Sumantri kalawan Sukasarana, yen mengko wus keduga mboyongi taman, aja nganti kawuningan luwih disik wewujudane dening sanggyaning para kawula ing Maespati

 “Sang Rama Parasu, jengandika meksih kersa midhangetake dedongenganku?” Kapedhot dedongengan sawatara, nanthing marang Sang Rama Bargawa apa isih kersa midhangetake. Senajan ing rasa batin, ingsun mulat jineming guwaya Sang Rama Bargawa kena kajajagan, menawa Rama Bargawa banget kepranan.

“Mara gage terusana! Senajanta dawa caritamu ngungkuli dawaning lurung, aku saguh ngematake candhaking critamu” Mangkana jajawab Sang Rama Bhargawa kanthi ulat kang sumeh. Nuli ingsun kalawan sumendhe ing gunging kekayon ambacutake critaku kang wus kawuri.

Gelise kang munggel kawi, kaleksanan Sukasarana mboyongi Taman Sriwedari marang Negara Maespati. Nalika samana garwaningsun Dewi Citrawati kang kepareng nitipriksa gelaring taman Sriwedari kang nembe kaputer-puja, ingayap sakehing para emban cethi. Sakala mekar sakehing kusuma, manglung kang panging kekayon kasilir ing samirana mandra. Keh peksi-peksi kang miber ing gegantang padha pating caruwet manembrama kang kersa tindak cangkrama. Kombang kombang mbrengengeng kaya asung kekidung, saka kepranan marang liringing netrane sang pramensywari. Senajanta sesekaran pada mekrok rebut warna ngujiwat minta sang dewi kersaa methik kinarya sesumping. Rena panggalihe garwaningsun Citrawati kang tindake saya manengah kepranan marang edi endahe kang taman Sriwedari, kang tetela kaya dene endahing taman ing swargaloka.

Nanging kacarita, sakala kejot panggalihe garwaningsun, nalika mulat ana pawongan bajang ceko kang pasuryane anggegirisi dumunung ing jroning taman. Tetela iku wujuding Bambang Sukasarana kang tan kuwawa angampah hardaning karep, marepeki wanita kang banget sulistyaning warna. Gya Bambang Sukasarana miyak kang grumbul sangandhaping wit nagasari, nyaketi ungyaning Sang Dyah Pramesywari. Girap girap sarwa anjelih-jelih Sang Prameswari keplayu kamigilan, matur marang ingsun. Nuli ingsun matah marang Patih Suwanda kinen ngrampungi gawe, nyirna’ake dhemit kang dumunung ana ing sajroning taman sari

Nalika samana duka yayah sinipi Bambang Sumantri marepeki papan padunungane Bambang Sukasarana. Jroning batin wus tan samar lamun Bambang Sukasarana kang gawe gendra, suwala marang dhawuhe yen ta ora kena metu saka sesingidan. Wus prapta ing papan dununge Bambang Sukasrana kang sigra mulet unggyane kang raka sarwi matur “Ayo kakang Sumantri, apa aku wus kalilan seba marang ngarsane Prabu Harjuna Sasrabahu. Yen kowe bisa suwita marang Gusti Prabu Harjuna Sasrabahu, aku kudune ya bisa kaya kang kok tindak’ake, kakang!”

Nanging rerepane Bambang Sukasarana tan rinewes dening kang raka, Bambang Sumantri, kang wus kalimputing deduka, sugal wuwuse Bambang Sumantri , “Kowe wis nate tak weling apa?!”

“Aku kudu ndelik ana ing petamanan”. Kanti ulat kang kaya tanpa dosa, ngucap Bambang Sukasrana.

“Mangertiya yayi, yen ta kusuma ratu kamigilan nyawang wujudmu. Mula yayi, ayo tak terke mulih dhisik marang Pertapan Jatisrana. Mengko yen wus ana kalodhangan kang prayoga, kowe bakal tak parani, suwita bareng marang ngarsane Prabu Harjuna Sasrabahu”. Bambang Sumantri ngandika njlentrehake perkara, sarwa ngampah gempunging rasa.

“Emoh kakang, yen aku bali, kowe ya kudu bali.Nalika samana kakang nyimpe aku tanpa pamit, kaya pecat-pecata sukmaku. Mangertiya kakang, mbiyen kuwi aku nangis meh sepasar suwene. Tak goleki seprana-seprene nanging saiki sikakang bakal mbalekake aku maneh marang Pertapan. Oooh kakang, kaya ngapa rasa sepining ati, yenta aku pisah kalawan kowe kakang” Sukasrana panggah anduwa-suwala.

“Kowe aja gawe nesu, Sukasrana!!” Jumangkah Bambang Sumantri, akeh wuwusnya Bambang Sumantri sarwi anjempalani sarirane Bambang Sukasarana. Bambang Sukasarana amung pasrah dhiri senajan sarirane wus babak-bunyak, nanging tan ana pangresula senajan amung sakecap, kawetu saka lathine Sukasarana. Bambang Sumantri kang wus tan enget marang pamintane kang angarih-arih inguni, minta pambiyantu mindhah Taman Sriwedari, panggah ngrudapeksa Bambang Sukasrana nundhung kang rayi, amarga jrih marang gusti natane, aja nganti anjejereng sasra wirang . Nalika samana wus keprungu umyung bendhe tengara lamun ingsun nedya tindak sesarengan lawan garwaku angambali tedhak cangkrama.

Saya sigug-kidhung goreh rasane Bambang Sumantri kang sigra angagar agari jemparing marang Bambang Sukasrana, pepethane karya ngurak Bambang Sukasarana supaya age-age lunga saka patamanan. Sedhela-sedhela Bambang Sumantri tumoleh wuntat sekedhap sekedhap nyawang unggyane Bambang Sukasarana kang amung mandeng kang raka kanthi netra kang panggah kumedhep. Jroning nala Bambang Sumantri kaya rinujit, nanging bawane wus saguh ngayahi dhawuhing nalendra lan krasa luput yen bakal nampa bebendu, sakala dres wijiling riwe kaya dineres.

Sangsaya lunyu cepenging warastra, nanging lenging rasa kaya wus ilang musna. Ponang warastra kang wus mapan ana ing kekendheng sakala mrucut saka astane. Tumama jajaning Bambang Sukasarana butul ing walikat. Raga gumuling ing siti, ngalumpruk tanpa daya. Dres kang ludira muncrat saka ing jaja. Nanging ana kaelokaning jagad, raga kang sadina-dina angganda bebanger, parandene ludiraning Bambang Sukasrana tetela arum mangambar ngrabasa sakehing durgandana. Kedhep tesmak Bambang Sumantri mulat sesawangan kang ana telenging netrane, sabab dene kaya kacabut sukmane.

Angles kekes rasane Bambang Sumantri kaya wungu saka nendra sigra rinangkulan jasade Bambang Sukasrana kang nandhang katriwandhan. Tetela nalika samana wus sirna marga layu Bambang Sukasarana. Bundhu bundhelaning manah Bambang Sumantri kang kaocap amung rerepa jroning panalangsa.

“Sukasrana apuranen aku, ora ngira lamun kowe tekaning sirna. Sukasrana, apuranen aku!!”

Kagyat gora wekasan Bambang Sumantri kedadak ana swara kang cetha wela wela dumeling ing karna, “Heh Bambang Sumantri! “

Menyat Bambang Sumantri sarwa tumoleh kanan ngering, nanging kang den upadi tan ana katingal. Tumuli Bambang Sumantri muwus “Kowe sapa ?!”

Swara kang dumeling iku keprungu mawantu wantu “Aku Bambang Sukasrana!! Sagluguting kolang kaling sarambut pinara sasra aku ora nduwe rasa serik-murina lawan kowe kakang. Nanging kaya kang wus tak aturake marang kowe, yen ta aku ora kena ginggang sarambut kalawan kowe. Aku ora bakal tumuli sowan ing pangayunaning para Dewa, yen ora bareng kalawan kowe, kakang Sumantri. Tak enteni ana bokur pangarip-arip. Nanging elinga, menawa ing tembe kowe prang tandhing lan Raja Ngalengka Diraja, ing kana wahyane kowe tak susul sowan marang ing tepet suci. Wis kaya mung semene anggonku matur marang kowe kakang, tumuli si kakang ngadhepa marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu”. Sawusnya matur marang Bambang Sumantri, lon lonan jasad kang gumlethak ing siti katiyuping samirana, sirna ilang saka telenging netrane Bambang Sumantri kang amung anjegreg mangu-mangu kaya tugu sinukarta.

Mangkana wus caket praptaku ing papan kadaden kang kaya dene ora ana sawiji wiji, nuli Bambang Sumantri matur menawa drubiksa kang angganggu gawe ing jroning Taman Sriwedari wus keduga kasirnaake. Saka renaning atiku, nalika samana Bambang Sumantri ingsun wisuda dadi Mahapatih ing Negara Maespati, kanthi jejuluk Patih Suwanda. Saya rumaket kekadanganku kalawan Patih Suwanda, presasat kaya dene kadang tunggal yayah rina.

Gilir gumantining kalamangsa, nalika samana garwaku Citrawati kersa leledhang ing balumbang pasiraman, anut ilining bengawan kang mbelah madyaning petamanan. Ketiga ngerak kang tan kena kasaranan, meksa jenengingsun triwikrama mbendung bengawan. Samantara Patih Suwanda kajibah ngreksa yuwananing praja.

Nanging tindak culika thukulaning mungsuh telik sandi upaya kang ambebidhung api rowang, uninga menawa jenengingsun oncat saka praja. Kinira lamun Praja Maespati ringkih, gya kerig lampit nglurug mungsuh saka Negara Ngalengka kang sangkep ing gegaman angrabasa tanpa layang panantang. Praptane prajurit sagelar sepapan katon nroncong tumbake nganti kaya landak sayuta, megar payunge kaya jamur barat, barisan kang pinandegan dening Prabu Dasamuka.

Sang Prabu Dasamuka kang kayungyun kadereng sengsem marang Dewi Citrawati kang kawentar panjalmaning Dewi Widawati ora kena sinayudan kersa mboyong peksa marang Negara Ngalengka Diraja. Sadalan dalan patrape kang pabarisaning mungsuh pada sawiyah-wiyah anjejarah rayah. Patih Suwanda kang tansah prayitna ing gati siyaga ing dhiri, greget gumregut anrenggalangi mungsuh umadeg angembani wajib. Mangkana kekarone wus ayun ayunan, Patih Suwanda kalawan Prabu Dasamuka.

 

KESIMPULAN

“Kakang Patih Surata, rumangsa ribet rasaning atiku lan sepet paningalku yenta nyawang wujude Bambang Sumantri kang kaduk piangkuh. Yenta nyata kesaguhane bisa ngentasi gawe kaya kang ingsun kersaake, bakal gedhe ganjarane. Nanging  yenta luput kaya kang disaguhake, bumi Maespati aja nganti kaambah dening wujude manungsa kang aran Bambang Sumantri.

Sang Prabu Dasamuka kang kayungyun kadereng sengsem marang Dewi Citrawati kang kawentar panjalmaning Dewi Widawati ora kena sinayudan kersa mboyong peksa marang Negara Ngalengka Diraja. Sadalan dalan patrape kang pabarisaning mungsuh pada sawiyah-wiyah anjejarah rayah. Patih Suwanda kang tansah prayitna ing gati siyaga ing dhiri, greget gumregut anrenggalangi mungsuh umadeg angembani wajib. Mangkana kekarone wus ayun ayunan, Patih Suwanda kalawan Prabu Dasamuka.

 

 

DAFTAR KAPUSTAKAN

http://wayangprabu.com/category/referensi-wayang/cerita-wayang/cerita-ramayana/

 

 

Perihal mtcdempet
wong dempet kecamatan dempet kabupaten demak jawatengah indonesia

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s